Read More.. .breadcrumbs {padding: 5px 5px 5px 0px; margin: 0px 0px 15px 0px; font-size:95%; line-height:1.4em; border-bottom:3px double #e6e4e3;} -->

Rabu, 17 Agustus 2011

Purwaka/ Pembukaan

Purwaka / pembukaan laporan basa jawi.


Purwaka

            Minagka purwakaning atur keparenga kula sakanca ngaturaken puji saha sukur wonten ngarsanipun Gusti Allah S.W.T, dene kula sakanca kepareng nyusun ‘Kumpulan Cerkak’ pelajaran Basa Jawa SMP N 1 Bantul kelas IX.
            Kumpulan cerkak menika saestunipun mboten saged dipun susun tanpa piwulangan Basa jawa wonten SMP N 1 Bantul. Matur suwun kagem bapak Sigit ingkang sampun nyaosi piwulangan. Intinipun tugas menika kumpulan-cerkak ingkang dipun kempalaken saking buku-buku basa jawi, majalah-majalah basa jawi utawi saking Koran-koran ingkang sampun mboten kagem dipun waos.
            Wasana kados menapa pambudidaya kula sakanca amrih tugas menika saged nocogi ingkang dipun maksudaken. Nanging, temtu kemawon tasih kathah ingkang dereng kacakup. Pramila panyaruwe ingkang tundhonipun damel langkung saenipun, katampi kanti remening manah. Kagem ingkang sampun kepareng paring sumbang surung, kula aturaken agenging panuwun. Mugi-mugi cerkak ingkang sakedik punika wonten manpangatipun. Amin

Bantul, Agustus 2011

                                                                                                                                                                                                                                                Penyerat




0 komentar:

Posting Komentar